Kulawarga basa Malayu-Polinésia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Kulawarga basa Melayu-Polinésia iku sawijining cawang utama kulawarga basa Austronésia sing dumadi kabèh basa Austronésia sing dipituturaké sanjabané Taiwan. Gunggung panyaturé watara 351 yuta wong. Kulawarga basa Melayu-Polinésia (MP) kapérang dadi 2 turunan utama, kulawarga basa Melayu-Polinésia Kulon lan kulawarga basa Melayu-Polinésia Tengah-Wétan.
Filsuf lan linguis saka Jerman, Wilhelm von Humboldt, nalika taun 1834 nulis serat Über die Kawi-Sprache auf der Insel Java ("Ngenani basa Kawi ing pulo Jawa", 1836-39). Sajeroning serat iki, dhèwèké ngripta jeneng Melayu-Polinésia kanggo ngarani kulawarga basa sing sumebar saka pulo Madagaskar ing kulon tekan pulo Paskah ing wétan.
Kala mbiyèn sadurungé basa sing ndunungi asliné Taiwan (non-Han Tionghoa) ditlitèni, basa-basa Austronésia sakabèhé diarani basa-basa Melayu-Polinésia.
Basa Melayu-Polinésia dicirèni saka 2 tandha iki:
- duwé pranata ater-ater (prefix), panambang (suffix), seselan (infix), lan camborané, uga
- nrapaké dwipurwa (pangambalan kabèh utawa pérangan tembung) kanggo negesaké manéka ancas: palemahan teges, pangambalan, pangembangan teges, karaméan, lan liya-liyané.
Remove ads
Uga delengen
- Basa Melayo-Polinesia Inti
- Basa-basa Malayo-Polinesia Tengah-Wétan
Pranala njaba
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads