Layar (aksara Jawa)

From Wikipedia, the free encyclopedia

Layar (aksara Jawa)
Remove ads

Layar punika salah satunggiling sandhangan panyigeging wanda ingkang dipun-ginakaken wonten ing aksara Jawi Hanacaraka. Sandhangan wau wujud tandha garis miring ing nginggil aksara, kapara radi melengkung katengen.

Kanggé kaginan sanès saking layar, mangga mirsani Layar (kapal)
Thumb
Sandhangan panyigeg: Layar
Thumb
Sandhangan layar lan tuladha cara pamasangipun

Angkah pamasangan sandhangan panyigeg layar punika supados aksara ingkang dipunpasangi sandhangan kalawau ungelipun lajeng dipunpungkasi kanthi ungel "r".

Contonipun: aksara "ga" dipunpasangi sandhangan panyigeg layar, ungelipun lajeng dados "gar".

Wonten ing salebeting baku Unicode versi 5.2 sandhangan layar punika wujud kodhe A982[1]

Remove ads

Sandhangan layar wonten ing aksara Bali

Sandhangan layar punika ing aksara Bali dipunwastani surang dipun-ginakaken ing suku tembung ingkang mawi pola KVK (konsonan-vokal-konsonan) sarta KKVK (konsonan-konsonan-vokal-konsonan), lan konsonan pungkasan wujud fonèm /r/. Conto suku tembung ingkang dipunmaksadaken inggh punika: sar, tar, swar, plar, lll.

Ing salebetipun aksara Bali, fonèm /r/ (Ra, Ra repa, guwung, surang) lan nasal /ɳ/ (Na rambat) sami-sami minangka wargi murdhania (konsonan retrofleks (tarik-belakang), sanadyan miturut fonologi saleresipun Ra minangka konsonan alveolar) ing aksara Bali. Pramila, wonten ing peraturan aksara Bali, manawi fonèm /r/ dipunlajengaken déning nasal /n/, kanthi otomatis fonèm /n/ kasebat dados /ɳ/.[2] Sacara prasaja, yèn sajeroning swiji tembung kakandhut surang (/r/), lan dipunlajengaken déning aksara Na kojong (/n/), aksara Na kojong kasebat owah dados Na rambat (/ɳ/). Conto tembung ingkang dipunmaksadaken inggih punika: warna, amarga, parna, lsp. Yèn disalin menyang aksara Bali, aksara n ing tembung-tembung kasebat dipunserat nganggé Na rambat.

Layar utawi surang saged dipunserat sisih-sisihan kaliyan pepet utawi ulu.Panulisanipun, pangangge swanten (pepet lan ulu) dipunru,iyinaken, lajeng dipunlajengaken layar utawi surang.

Thumb
Conto pangginaan surang nalika satunggiling aksara sampun dipunpasangi tandha pepet lan ulu.
Remove ads

Ugi pirsani

Rujukan

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads