Macan sumatra

From Wikipedia, the free encyclopedia

Macan sumatra
Remove ads

Macan Sumatra (Panthera tigris sumatrae) inggih punika salah satunggalipun subspésiès macan ingkang asalipun saking Pulo Sumatra, Indonésia.[2] Macan Sumatra kalebet salah satunggalipun saking enem subspésiès ingkang taskih wonten ngantos dumugi sapunika lan mlebet klasifikasi sato kéwan kritis ingkang kaancem cures (critically endangered) wonten ing dhaftar warni abrit spésiès kaancem cures ingkang dipunrilis déning Lembaga Konservasi Donya IUCN.[3] Populasi Macan Sumatra alasan kinten-kinten namung wonten 400-500 kémawon, mliginipun ingkang gesangipun ing taman-taman nasional ing Sumatra.[2] Uji genetik ingkang paling ènggal mratélakaken bilih wonten tandha-tandha genetik ingkang unik, ingkang dados pratandha bilih subspésiès punika gadhah kemungkinan saged ngrembaka dados spésiès ingkang kapisah, syaratipun inggih punika manawi spésiès punika saged kasil lestari.[2]

Sunyata Rikat Setatus konservasi, Klasifikasi ngèlmiah ...
Remove ads

Genetik lan évolusi

Analisa DNA mratelakaken wonten hipotésis bilih Macan Sumatra sampun dipunasingaken saking subspésiès macan sanèsipum sasampunipun wonten prastawa minggahipun toya sagara nalika jaman Pleistosen ngantos dumugi jaman Holosen (watawis 12.000 ngantos 6.000 taun ingkang kepengker).[2] Kanthi prastawa kasebat lan sajarah wontenipun évolusi punika, Macan Sumatra miturut genetikipun dados bénten kaliyan sadaya subspésiès macan ing dharatan ageng (Asia) ingkang langkung caket gegayutanipun (genetikipun).[2]

Remove ads

Pranala njawi

Thumb
Macan Sumatra ing taun 1926
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads