Majapait

From Wikipedia, the free encyclopedia

Majapait
Remove ads

Majapait iku sawijining praja kang tau ana ing Tanah Jawa. Praja iki wiwit dibangun taun 1293 Masèhi ing Jawa Wétan. Karajan iki nguasani mèh kabèh Pulo Jawa, Madura, Bali, lan laladan liyané ing Nusantara. Majapait iki krajan gedhé pungkasan kang nganut agama Hindhu-Buda ing Nusantara. Pusat krajan iki ana ing laladan kang saiki kalebu Kacamatan Trowulan, Majakerta.

Aksara Latin
     
ڤِڮون
   
Sunyata Rikat
Remove ads

Sajarah

Taun 1292 Singasari dikuwasani keturunan kraton Kediri yaiku Jayakatwang. Salah sawijining keturunan Singasari, Raden Wijaya, sumingkir menyang Pulo Madura. Ing pulo iku, Wijaya olèh pramayoga déning kang baureksa Madura, yaiku Aria Wiraraja, supaya éthok-éthok ngabdi karo Jayakatwang.

Jayakatwang nampa Wijaya lan kanugrahan lemah ing tlatah Tarik kang isih awujud alas. Tarik iki dadi cikal bakal kraton Majapait. Ing pungkasan taun 1293, Wijaya migunakaké prajurit Kubilai Khan kang arep nyerang Singasari (Kertanagara), gabungané prajurit Cina karo Wijaya iki bisa ngalahaké Jayakatwang kang déning prajurit Cina dikira Kertanagara. Raden Wijaya uga ngalahaké prajurit Kubilai Khan nalika acara pista kamenangan musuh Jayakatwang.

Remove ads

Raja-raja

Remove ads

Sumber sajarah

Majapait ambruk

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads