Kepodhang
sepésiyes manuk From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Kepodhang utawa podhang iku kalebu manuk kang negel (Passeriformes).[1] Manuk iki duwé wulu kang éndah lan uga dikenal manuk kang katon apik, éndah lan resik.[1] Manuk podhang kalebu manuk kang angèl dibedaké endi kang lanang lan endi kang wadon miturut wujud awaké.[2] Manuk podhang kalebu manuk kang kurungan, amarga manuk iki lumrahé dadi manuk rerenggan ing omah-omah kang ndunungi.[1] Manuk kepodhang dadi manuk kang payu didol saéngga populasiné saya suda.[3]
Remove ads
Panyebaran
Manuk podhang asalé saka daratan Cina lan nyebar wiwit saka India, Asia Kidul-wétan, kapuloan Philipina, uga ing Indonésia ya iku ing pulo Sumatra, Jawa, Bali, Kalimantan, Sulawesi lan Nusa Tenggara.[4] Manuk iki urip ing alas-alas mligi ing tlatah tropis lan uga ing tlatah sub tropis.[4] Manuk podhang lumrahé urip kanthi pasang-pasangan.[4] Ing Pulo Jawa lan Bali manuk podhang uga diarani kanthi jeneng podhang emas.[5]
Remove ads
Morfologi

Manuk podhang ukurané wiwit saka buntut nganti cucuk kurang luwih 25 cm[1] Manuk iki wernane ireng lan kuning.[1] Manuk podhang nduwé sirip kang wernané ireng.[1] Sirip iki ngliwati mata lan tengkuk.[6] Werna wuluné manuk podhang rata-rata ireng.[6] Awake kang ngisor rupané putih kanthi lurik ireng.[6] Wujud cucuké lincip lan rada mlengkung mengisor.[6] Ukuran cucuké kurang luwih 3 cm.[6] Manuk podhang nduwé sikil kang wernané ireng.[7] Manuk podhang urip ing alas, alas, alas ing pasisir, lan ing alas mangrove.[7]
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads