Tetikus
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Tetikus (basa Inggris: mouse) iku piranti komputer utawa piranti kang minangka prosès utawa nglebokaké data ing sajeroning komputer saliyané blabag tik. Tetikus kanthi jeneng mangkono dijupuk saka kabel kang kemlawé mèmper buntut tikus [1].

Tetikus kapisanan digawé ing taun 1963 déning panjenengané Douglas Engelbart wangun kayu kanthi duwé siji tombol. Wujud kang di gawé ing kaloro ya iku wis dipirantèni 3 tombol. Taun 1970, Douglas Engelbart nepungaké tetikus kang bisa ngerteni panggonan X-Y ing layar komputer, tetikus misuwur kanthi jeneng X-Y Position Indicator (indikator panggonan X-Y).
Wangun tetikus kang paling umum duwé rong tombol ya iku kang ana ing kiwa ndhuwur lan tengen ndhuwur lan bisa dipencèt. Semana uga, komputer-komputer basis Macintosh uga bisa mupangatake tetikus siji tombol.
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads