Mata
gegelitaning awak kang bisa ndhetèksi cahya banjur diowahi dadi rangsangan èlèktrokimiya ing jero sarap From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Mata utawa mripat utawa sesoca iku perangan awak pandulu kang ngindra cahya. Sing diayahi mata paling prasaja yakuwi mung meruhi apa lingkungan saubengé padhang apa peteng.
- Kanggo panggunan liya delengen: Mata (disambiguasi)
Remove ads
Perangan mata manungsa
Perangan njaba
Organ njero
Pérangan-pérangan sajeroning organ mata ngeteraké cahya saka sumberé tumuju utek kanggo dicerna déning sistem saraf manungsa. Pérangan-pérangan mau ya iku:
- KornéaMinangka pérangan paling njaba bola mata kang nampa cahya saka sumber cahya.
- Pupil lan IrisSaka kornéa, cahya diterusaké menyang pupil. Pupil nentokaké kuantitas cahya kang lumebu ing pérangan mata kang luwih jero. Pupil mata bakal dadi amba yèn kondhisi ruangan peteng, lan dadi ciut yèn kondhisi ruangan padhang. Ambané pupil kadayan déning iris ing saubengé.Iris duwé fungsi minangka diafragma. Iris iki katon minangka pérangan kang mawa warna ing mata.
- Lènsa mataLensa mata nampa cahya saka pupil lan nerusaké menyang retina. Fungsi lensa mata yakuwi ngatur fokus cahya, saéingga cahya tiba trep ing bintik kuning retina. Kanggo ndeleng obyèek kang adoh (cahya teka saka kadohan), lensa mata bakal dadi tipis. Déné kanggo ndeleng obyèek kang cedhak (cahya teka saka cedhakan), lensa mata bakal dadi kandel.
- RetinaRetina iku pérangan mata kang paling peka marang cahya, mligi pérangan retina kang diarani bintik kuning. Sawisé retina, cahya diterusaké menyang saraf optik.
- Saraf optikSaraf kang lumebu sèl tali lan kerucut sajeroning retina, kanggo nuju menyang utek.[1]
Remove ads
Uga delengen
- Kontak mata
Catatan lan referensi
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads