NASDAQ

From Wikipedia, the free encyclopedia

NASDAQ
Remove ads

NASDAQ, asliné siji singkatan kanggo National Association of Securities Dealers Automated Quotations, iku siji bursa saham kang dioperasikaké déning National Association of Securities Dealers. Nalika miwiti perdagangan tanggal 8 Fèbruari 1971, NASDAQ wujud bursa saham èlèktronik pisanan ing donya.

Sunyata Rikat Tipe, Lokasi ...

Wiwit taun 1999, NASDAQ iku bursa saham gedhé dhéwé ing Amérika Sarékat kanthi punjul setengah gunggung perusahaan kang diperdagangaké ing AS dicathet ing kéné. NASDAQ kapérang saka NASDAQ National Market lan NASDAQ SmallCap Market. Bursa mligi ana ing Amérika Sarékat, kanthi cabang ing Kanada lan Jepang. NASDAQ uga duwé asosiasi mawa bursa saham ing Hong Kong lan Éropa.

Tanggal 17 Juli 1995 NASDAQ ditutup ing lèvel sandhuwuré 1.000 poin kanggo pisanané. Puncaké dumadi tanggal 10 Maret 2000, ing ngendi indèks nganti 5048,62 poin.

NASDAQ ditutup saka 11 nganti 14 September 2001 amarga dumadiné Serangan Teroris 11 September 2001.

Remove ads

Pirsani uga

  • NYSE (Bursa Saham New York)
  • Dow Jones Industrial Average

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads