Holland Lor

From Wikipedia, the free encyclopedia

Holland Lor
Remove ads

Holland Lor utawa Noord-Holland ing basa Walanda, iku salah sawijining provinsi ing Walanda. Provinsi iki papané ana ing sisih lor-kulone Walanda. Ibukuthané Holland Lor iku Haarlem. Kutha-kutha liyané kalebu ibukutha Walanda, Amsterdam, Hilversum, Den Helder, Alkmaar, Zaandam, lan Hoorn.

Katerangan liyané Katrangan cekak ...
Remove ads

Géografi

Holland Lor iku awujud tanjung antara Sagara Lor lan tlaga IJsselmeer. Luwih saka separo wewengkon provinsi iki kasil sagara utawa tlaga sing diasataké (diarani polder) lan dhuwuré sangisoring lumah sagara. Pulo Texel iku uga wewengkon wewengkon Holland Lor. Holland Lor kalebu wewengkon ISO lan duwé kodhe ISO 3166-2:NL-NH.

Sajarah

Provinsi Holland Lor diwangun ing taun 1840, nalika provinsi Holland dipérang, diparo dadi pérangan lor lan kidul (saiki Holland Kidul). Ing taun 1940, pulo-pulo Vlieland lan Terschelling diwènèhaké provinsi Friesland. Ing taun 1950, manten pulo Urk diwènèhaké provinsi Overijssel. Saiki Urk dadi pérangan provinsi Flevoland.

Ing jamaning Provinsi Manunggal, provinsi Holland ditepungi minangka Provinsi Holland lan Friesland. Perkara iki isih bisa dideleng ing lambang Holland Lor, amarga lambangé iku kombinasi antara lambangé Holland lan Friesland.

Remove ads

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads