Pakistan
nagara ing Asia Kidul From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Pakistan iku nagara ing bawana Asia. Kutha krajan nagara iki yaiku Islamabad. Nagara iki sing ndunungi kurang luwih160 yuta jiwa lan jembaré ana 803.940 km2. Pakistan iku nagara sempalan saka India lan mardika luwih dhisik tinimbang India saka Britania Raya. Nagara Pakistan iku saiki nagara sing nduwé mayoritas Muslim kapindho sadonya. Sadurungé taun 1971 lan nalika Pakistan Wétan utawa saiki diarani Bangladesh isih dadi wewengkon Pakistan, Pakistan malahan nagara mayoritas Islam sing gedhé dhéwé.
Nagara Pakistan mbiyèn diproklamasèkaké ing tanggal 14 Agustus 1947 ing kutha Karachi. Proklamasi iki sadina sadurungé proklamasi nagara India mardika. Karepé supaya Gubernur-Jéndral India-Britania, Lord Mountbatten bisa rawuh ing loro-loroné upacara kamardikan.
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads
