Pasisir Parangtritis

pantai ing Bantul, D.I Yogyakarta, Indonesia From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Pasisir Parangtritis (Jawa: ꦥꦱꦶꦱꦶꦂ ꦥꦫꦁꦠꦿꦶꦠꦶꦱ꧀) minangka papan wisata sing dununge ing Desa Parangtritis, Kretek, Bantul, Daerah Istimewa Yogyakarta, Indonesia. Jarak udakara 27 km saka pusat Kutha Yogyakarta. Pantai iki bisa diceluk minangka salah sawijining tujuan wisata sing misuwur ing Yogyakarta lan sing paling disenengi para turis wiwit suwe. Pantai iki dunungé ana ing sisih wetan Pasisir Parangkusuma.

Barkas:Sunset at Parangtritis Beach.jpg
Pemandangan Pantai Parangtritis
Delengen uga: Kabupaten Bantul
Sunyata Rikat Informasi tempat wisata, Lokasi ...

Pantai Parangtritis pancen misuwur ing kalangan turis, amarga kajaba duwe legenda sing nemplek karo Ratu Kidul minangka panguwasa ing sagara kidul, nanging nyatane kaendahane ora bisa diragukan amarga pantai iki minangka pantai paling jembar ing Yogyakarta sing jembaré kilo-kilometer persegi, beda karo pantai ing wilayah Yogyakarta liyane kayata pantai ing Gunungkidul sing ukurane cukup cilik.

Remove ads

Papan Wisata liyanne

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads