Peleton

From Wikipedia, the free encyclopedia

Peleton
Remove ads

Peleton iku ékan militèr kang dmadi saka 30 nganti 50 personil, lan racaké dibawahi personil militèr kanthi pangkat letnan. Peleton dumadi saka loro nganti papat regu, lan béda-béda saka jinis ékan, lan uga gumantung marang negarané. Telu nganti papat peleton diwadhahi sajeroning siji organisasi kompi.

Thumb
Tandha Peleton Infanteri

TNI-AD

Komandan Peleton (Dan Ton) racaké diwengku déning personil militèr kanthi pangkat Letnan Dua. Posisi Komandan Peleton racaké minangka panugasan pisanan, tumrap perwira kang lagi lulus saka Akademi Militer (Angkatan Dharat) lan Akademi Angkatan Laut (kecabangan Marinir).

Nagara liya

Ing Angkatan Dharat Inggris, peleton dibawahi Letnan utawa Letnan Dua, kang dibantu déning siji Sersan. Peleton kapérang dadi telung regu kang saben regu duwé anggota 8 prajurit.

Sajeroning militèr Amérikah Sarékat, peleton dibawahi Letnan Satu utawa Letnan Dua, kang dibantu déning siji Sersan Satu. Ing ékan infanteri, peleton senapan dumadi saka patang regu kang saben regu duwèni sanga prajurit..

Remove ads

Uga delengen

Pranala njaba

Cithakan:Ékan militèr


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads