Pendhapa

From Wikipedia, the free encyclopedia

Pendhapa
Remove ads

Pendhapa iku pérangan yasan umah adat Jawa sing anané ing sisih paling ngarep. Wangunan iki racaké diarani pendhapa agung utawa pendhapa gedhé lan nduwé ukuran sing jembar banget, tanpa sekat, tanpa témbok utawa dinding uga tanpa lawang (pintu).

Aksara Latin
     
Thumb
Gambar pendhapa
Thumb
Payon pendhapa

Pendhapa lumrahé diyasa nganggo gaya arsitèktur joglo trajumas.

Remove ads

Fungsi

Pendhapa nduwé fungsi kanggo nerima tamu-tamu agung, pertemuan-pertemuan resmi, kanggo pagelaran kesenian uga upacara adat.

Makna filosofi

Wangunan pendhapa iku ngandung makna sipat pradah, sipat iki antarané lapang dhadha, ramah tamah lan pemurah, uga mesthi bisa lan siyap nerima tamu. Makna liyané saka yasan iki ya iku momot utawa sanggup nampung apa waé uga kalebu sanggup nampung lan ngatasi kabèh masalah sing timbul.

Pendhapa modern

Wangunan pendhapa ing jaman saiki bisa tinemu ana ing komplek-komplek kraton, kantor utama pemerentah (ing Jawa Tengah, Yogyakarta lan Jawa Timur) upamané kantor Bupati utawa DPRD.


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads