Petr Čech

From Wikipedia, the free encyclopedia

Petr Čech
Remove ads

Petr Čech yaiku juru main bal kang main ing posisi kiper.[2] Petr Čech lair ning Plzeň, Cekoslovakia pas tanggal 20 Mèi 1982.[3] Dhuwuré kira-kira 196 cm.[4] celukane kang liya yaiku Cechino atau Big Pete.[3] Dhèwèké turut ngréwangi Chelsea FC ngintokaké 2 gelar juwara Liga Utama Inggris 2005 lan 2006, karo Piala Carling ning taun 2005.[3] Dhèwèké uga dadi kiper utama ning timnas Républik Ceko.[3] Petr Cech wiwit karir ana ing Chelsea saka kepelatihane Jose Mourinho.[5] Petr Cech dituku saka klub Liga Perancis ning taun 2004 regané kira-kira 6 yuta Pounds, pisanané Petr Cech namung dadi kiper cadangan Carlo Cudicini namung soyo saya suwé dhèwèké bisa nyisihaké posisiné Carlo Cudicini saka ngisor mistar utama The Bluess.[3] Ning tanggal 5 Maret 2005, Čech bisa nyiptakaké rékor anyar ning Premiership yaiku 1.025 menit ora kebobolan.[3] Nanging cathetan iku bisa dikalahaké kiper Manchester United, Edwin van der Sar.[3] Petr Cech tau ngalami kaanan parah yaiku balung cumplung kropok pas tabrakan karo Stephen Hunt, wektu Chelsea tanding karo klub Reading.[3] Ing 14 oktober 2006, kedadèyan iku nggawé dhèwèké nganggo helm pelindung wektu chelsea tanding ning lapangan.[3] Kadadèyan iku arep nggawé dhèwèké kélangan nyawa ninggaalké trauma abot marang dhèwèké.[3] Petr Cech duwé bojo kang kewarganagaraane Ceko uga yaiku Martina Čechová, saka nikahé karo Martina Čechová duwé loro anak yaiku Adela dan Damian.[3]

Sunyata Rikat Katrangan priangga, Jeneng dawa ...
Remove ads

Petr Cech Dadi Pemain Paling Apik Ning Chelsea FC taun 2010-2011

Petr Cech nggabung karo Chelsea saka taun 2004 saka Rannes, saka iku Chelsea saingan karo tim-tim papan ndhuwur Liga Inggris kanggo ngrebut tatah juara.[6] Ora akèh kiper kang bisa ngintokke penghargaan kaya Petr Cech ning Chelsea FC mligi.[2]

Prestasi

Chelsea

Internasional

  • Kajuaraan Bal-balan UEFA U21: 2002

Individual

  • Panjaga Gawang Paling Apik Ligue 1: 2003–04
  • PFA Team of the Year: 2005
  • Penjaga Gawang Paling Apik ing Donya versi IFFHS: 2005, 2011
  • Barclays Golden Glove: 2004–05, 2009–10
  • FA Premier League Player of the Month: March 2007
  • Pemain Bal-balan Républik Ceko Paling Apik: 2005, 2008, 2009, 2010
  • Golden Ball (Czech): 2005, 2006, 2007, 2008,[7] 2010.
  • Penjaga Gawang Terbaik UEFA: 2005, 2007
  • UEFA Club Football Awards Best Goalkeeper:2003, 2005, 2007, 2008
  • ESM Team of the Year: 2004–05, 2005–06, 2006–07, 2007–08
  • World Football Challenge: 2009
  • Chelsea Player of the Year: 2010-2011
  • Chelsea Special Achievement Award: 2006-07 (Diwenehake amarga kasil mari saka lara ing sirah sajeroning ngadepi (lawan) Reading Oktober 2006)
Remove ads

Pranala njaba

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads