Pratélan Présidhèn Indonésia

From Wikipedia, the free encyclopedia

Pratélan Présidhèn Indonésia
Remove ads

Présidhèn Republik Indonésia ya iku kepala negara lan kepala pamaréntahan Republik Indonesia. Présidhèn uga mimpin cabang eksekutif pamaréntahan Indonésia lan dadi komandhan paling dhuwur ing Tentara Nasional Indonésia. Wiwit taun 2004, presiden lan wakil presiden dipilih langsung dening rakyat kanthi masa jabatan 5 taun saben periode. Sawise dipilih kaping pindho dening rakyat, presiden ora pareng nyalonake maneh.


Sistem kepresidenan dirumusake ing UUD 1945 dening Badan Penyidik Usaha Persiapan Kamardikan Indonesia (BPUPKI), sing dibentuk nalika jaman penjajahan Jepang tanggal 1 Maret 1945 kanggo nindakake kagiyatan kang ana gegayutane karo “Usaha Persiapan Kamardikan Indonesia”.[1 ] Tanggal 18 Agustus 1945, Panitia Persiapan Kamardikan Indonesia (PPKI) kang kabentuk kanggo ngganti BPUPKI, ngangkat Soekarno dadi Présidhèn Republik Indonésia kang kapisan lan kanthi mangkono wenang mbentuk lembaga kepresidenan Indonésia.

No Asma Wiwitan Masa Bakti Serah Terima Masa Bakti Parté
1 Dr. Ir. Soekarno 17 Agustus 1945 12 Maret 1967 Parté Nasional Indonésia (PNI)
2 Jen. (Purn.) Soeharto 12 Maret 1967 21 Mèi 1998 Golongan Karya
3 Prof. Dr. Dipl. Ing. B. J. Habibie 21 Mèi 1998 20 Oktober 1999 Golongan Karya
4 Abdurrahman Wahid 20 Oktober 1999 23 Juli 2001 Parté Kebangkitan Bangsa (PKB)
5 Megawati Soekarnoputri 23 Juli 2001 20 Oktober 2004 Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan (PDI-P)
6 Jen. (Purn.) Susilo Bambang Yudhoyono 20 Oktober 2004 20 Oktober 2014 Parté Dhémokrat (PD)
7 Joko Widodo 20 Oktober 2014 20 Oktober 2024 Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan (PDI-P)
8 Jen. (Purn.) Prabowo Subianto 20 Oktober 2024 (2029) Partai Gerakan Indonesia Raya (Gerindra)
Katerangan liyané #, Présidhèn ...
Legenda

     Non-partisan      Golkar      Parté Kebangkitan Bangsa      Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan      Parté Persatuan Pembangunan      Parté Dhémokrat      Parté Gerindra

Remove ads

Uga delengen

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads