Pulo Man

From Wikipedia, the free encyclopedia

Pulo Man
Remove ads

Pulo Man (basa Manx: Ellan Vannin) iku siji dependensi makutha Britania kang dumunung ing Sagara Irlandia, mèh padha adohé saka Inggris, Irlandia, Sekotlan lan Wales. Wewengkon iki jembaré 572 km² kanthi sing ndunungi cacahé 76.315 jiwa (2001). Pulo Man ndarbèni "parlemen aktif tuwa dhéwé ing donya" kang jenengé Tynwald, kang diyasa kira-kira taun 979.

Ellan Vannin
ThumbLambang Pulo Man
Sesanti: Quocunque Jeceris Stabit
(Latin: Ing ngendi waé mbok uncalké, bakal madeg)
Thumb
Basa resmiInggris, Manx
kutha krajanDouglas
PemimpinElizabeth II
Wakil GubernurAdam Wood
Kepala MantriDonald Gelling (biyèn Richard Corkill)
Mata uangPound Pulo Man (setara karo Pound Sterling)
Zona wektuUTC (DST +1)
Lagu kabangsanArrane Ashoonagh dy Vannin
TLD.im
Kodhe telepon44 (kodhe wewengkon Inggris 1624)
Remove ads

Sajarah

Pulo Man minangka pos paling adoh karajan bangsa Viking wiwit taun 700 nganti 900. Sabanjuré Karajan Hebrides saka Nurwègen nguasani nganti abad angka 13 sadurungé Man direbut déning Sekotlan. Inggris nguasani wiwit abad angka 14. Masalah kang saiki diadhepi yaiku piyé carané mbangkitaké manèh basa Manx kang mèh cures.

Pranala njaba


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads