Républik Makédonia Lor
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Républik Makédonia Lor[1] (Република Северна Македонија, Républika Severna Makedonija[2]) rungokna (pitulung·info), iku nagara kang ora duwé pasisir (landlocked) kang dumunung ana ing Ujung Balkan ing wétan-kidul Éropa. Nagara Macedonia wewatesan karo Serbia ing sisih lor, Albania ing sisih kulon, Yunani ing sisih kidul, lan Bulgaria ing sisih wétan.
Kutha krajan Républik Makedonia yaiku Skopje, kanthi 500.000 sing ndunungi, lan ana sawatara kutha kang gedhé antarané Bitola, Kumanovo, Prilep, Tetovo, Ohrid, Veles, Štip, Kočani, Gostivar lan Strumica. Ana punjul 50 tlaga alam lan gawéan lan nembelas gunung sing dhuwuré punjul 2.000 mèter (6,550 {{#if:}}
) sadhuwuré lumahing sagara.
Nagara Républik Makedonia iku anggota PBB, Dhéwan Éropa, La Francophonie, World Trade Organization (WTO), lan Organization for Security and Cooperation in Europe (OSCE). Wiwit Dhésèmber 2005 uga dadi calon anggota Uni Éropa lan wis ndhaftar dadi anggota NATO.
Remove ads
Cathetan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads