Ramayana

wiracarita Hindu From Wikipedia, the free encyclopedia

Ramayana
Remove ads

Ramayana (basa Sangskreta: Rāmāyaṇa, Carakan: ꦫꦩꦪꦟ) iku salah siji saka rong wiracarita saka tanah India kang misuwur sanget. Wiracarita sijiné iku Mahabharata.

Thumb
Rama ditulungi déning para wanara ing peperangan karo Rahwana.

Carita iki nyaritakaké Dèwi Sinta, garwa Sri Rama kang diculik déning Rahwana.

Vèrsi

Kitab iki dianggep buku fiksi tuwa dhéwé sadonya yèn kitab Wéda ora lumebu pètungan. Kitab iku ditulis déning Walmiki kang kira-kira ing taun 300 SM. Carita iki banjur nyebar lan akèh banget variasiné kang ana ing njero India dhéwé utawa ing donya.

Ing tlatah Jawa, naskah Ramayana tuwa dhéwé tinemu iku Kakawin Ramayana. Carita iki kasebar lan lumebu dadi lakon wayang kanthi irah-irahan ing sawatara panggonan. Carita iki katatah ing Candhi Prambanan. Ing candhi iku, uga kagelar sendratari Ramayana ing platarané.

Sawetara iku, ing tanah Lumayu carita iki dadi kitab Hikayat Sri Rama, ing Thailand dadi Ramakien. Sawetara ahli uga nemu yèn Ramayana sumebar uga ing suku Indian, Amérika. Ana uga kang tinemu ing Siberia.

Kang paling béda yaiku ing Sri LankaSri Lanka. Ing tlatah iki Ravana dadi wong kang becik lan Rama dadi wong kang ngrusak Lanka. Ravana iku kecathet salah sijiné raja kang naté nyekel kuwasa ing tlatah iki.

Remove ads

Lakuné carita

Kejaba vèrsi Sri Lanka, lumrahé Ramayana nyritakaké lelakoné Sri Rama kang angrebut manèh Sita. Rahwana nyulik Sita supaya gelem dadi bojoné. Rama banjur ditulungi déning para wanara lan akhiré kasil ngrebut Sita.

Pratélan kitab

Wiracarita Ramayana ana pitu kitab kang asring sinebut Saptakanda. Urutan kitab nuduhaké carita kang kadadéan ing sajeroné Wiracarita Ramayana.

Katerangan liyané Jeneng kitab, Katrangan ...
Remove ads

Deleng uga

Prabala njaba

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads