Roberto Azevêdo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Roberto Carvalho de Azevêdo [a] (pangucapan ing basa Portugis: [ʁoˈbɛʁtu azeˈvedu]; lair 3 Oktober 1957; umur 67 taun), iku sawijining diplomat lan wakil Brasil ing Organisasi Padagangan Donya (WTO) wiwit taun 2008.[1] Nalika sasi Mèi 2013, dhèwèké kapilih minangka Dirèktur Jèndral Organisasi Padagangan Donya nggantèkaké Pascal Lamy.[2]
Remove ads
Karir
Roberto nggabung karo misi diplomatik Brasil nalika taun 1984 lan banjur tugas ing kadhutan Brasil ing Washington D.C. (1988-1991), Montevideo (1992–1994), lan ing Jenéwa (1997–2001).[1]
Roberto wis nglungguhi kalungguhan-kalungguhan iki:[1]
- 1995-1996: Wakil Kepala Staf Babagan Ékonomi kanggo Mantri Manca Negara
- 2001-2005: Kepala Unit Pangrampungan Sengketa
- 2005-2006: Dirèktur Dhépartemèn Urusan Ékonomi
- 2006-2008: Wakil Mantri Perekonomian lan Tèknologi.
Roberto iku salah sawijining négosiator kunci Brasil sajeroning masalah sengketa kapas Brasil-Amérikah Sarékat, sarta sajeroning paslisihan padagangan karo nagara-nagara liyané.[1] Dhèwèké uga dadi négosiator sing makili Brasil ing Ubengan Doha.
Remove ads
Cathetan
Réferènsi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads