Roncèn kimia
cara sesambungan antarané rong atom utawa molekul From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Roncèn kimia iku siji prosès fisika kang duwé tanggung jawab sajeroning interaksi gaya tetarikan antarané loro atom utawa molekul kang njalari siji senyawa diatomik utawa poliatomik dadi stabil. Panjlèntrèhan ngenani gaya tetarikan iki rumit banget lan dijlèntrèhaké déning èlèktrodinamika kuantum. Sajeroning praktèké, para kimiawan lumrahé gumantung marang téyori kuantum utawa panjlèntrèhan kualitatif kang kurang kaku (nanging luwih gampang kanggo dijelasaké) sajeroning njlèntrèhaké roncèn kimia. Lumrahé, roncèn kimia kang kuwat diasosiasikaké kanthi transfer èlèktron antarané loro atom kang silih partisipasi. Roncèn kimia njaga molekul-molekul, kristal, lan gas-gas diatomik tetep bebarengan. Kajaba iku roncèn kimia uga nemtokaké struktur siji dat.

Kakuwatan reroncèn kimia manéka banget variasiné. Lumrahé, roncèn kovalèn lan roncèn ion dianggep roncèn "kuwat", éwadéné roncèn hidrogen lan roncèn van der Waals dianggep roncèn "lemah". Babagan kang perlu digatèkaké ya iku yèn roncèn "lemah" kang paling kuwat bisa luwih kuwat tinimbang roncèn "kuwat" kang paling lemah.
Remove ads
Uga delengen
- Roncèn Aromatik
- Roncèn Ion
- Roncèn Kovalèn
- Roncèn Kovalèn Tunggal
- Roncèn Kovalèn Rangkep
- Roncèn Kovalèn Rangkep Telu
- Roncèn Kovalèn Koordinasi
- Roncèn Kovalèn Polar
- Roncèn Kovalèn Nonpolar
- Roncèn Logam
- Roncèn Pisang
- Roncèn Antarmolekul
- Roncèn 3c-2e lan 3c-4e
Réferènsi
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads