Sérviks
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Sérviks yaiku panggonan kang ngubungaké rahim (uterus) karo vagina.[1] sérviks bisa uga diarani guluné rahim, duwéni dawa 2–3 cm. Bentuk saka sérviks iki bisa owah yén lagi ngandhut, senajan silinder kang dadi bentuk asliné. sérviks iki duwéni loro bagean, éktoserviks lan supravaginal. Ektosérviks iki kang cedhak ing vagina, yén supravaginal iku bagéan kang dibuntel fasia pelvis viseral (parametrium). Ing fasia pelvis viseral iki ana alteri uterina kang mili ing pinggir-pinggir sérviks. Ing kéné iki uga, nalika arep wanita arep nglairaké ngalami kontraksi rahim. Kontraksi rahim kedadéan amarga ana jabang bayi ing rahim kang ngésuk pager-pager rahim, mula dadi amba. Anané zat kolagén kang akéh iki gawé aman.[2]

Remove ads
Perkembangan

Sérviks iki bagéan saka réproduksi wanita. sérviks iki asalé saka saluran paramésonéfrik kang dadi loro. Anané saluran iki amarga ana ngrembakané émbriogénesis nganti wulan enem. Anggoné mundhak ngembangé, ing bagéan njaba saluran fusi mbentuk saluran urogénital tunggal. Saluran iki kang dadi vagina, guluné rahim (serviks), lan rahim (utérus).[3] Sérviks iki mundhaké luwih sithik ketimbang rahim, mula ukurané uga luwih cilik ing rahim. Yén sansaya tambah umuré janin, sérviks iki bakal nutup lan njaga janin ing njero rahim. Sansaya umur janin nambah, kang bakal bayi, sérviks iki bakal mbukak utawa mundhak amba. Nalika, bayi iki bisa metu saka rahim, ukuran sérviks bakal mbalik dadi cilik ning ukuran asliné.[4] Nalika janin sansaya mundhak umuré, jaringan épitél skuamosa ing sérviks iku saka sistem urogénital. Menawa, jaringan epitél kolumnar saka saluran paramésonéfrik. Titik kanggo ketemuné jaringan iki diarani squamocolumnar junction utawa prapatan skuamokolumnar.[5]
Remove ads
Histologi

Ing prapatan skuamokolumnar dadi panggon ketemu jaringan epitél ektoservik lan endoserviks. Jaringan loro iku duwéni lapisan kolagén kang kandel.[6] Ektosérviks duwé jaringan épitel skuamosa kang standhar lan ora ana seraté. Menawa, endosérviks kang isiné lapisan sél mukosa kolumnar, ing bagéan iki akéh kalénjar cairan tubular. Mumpangaté kalénjar iki kanggo ngosongi cairan alkali ing lumén. Ing bagéan sérviks uga pancén paling akéh jaringan fibrosa, kolagén lan élasntin ketimbang bagéaan rahim kang liya.[7]
Remove ads
Mumpangat
Bisa dimangérteni mumpangat utawa fungsi saka sérviks yaiku kanggo kesuburan, akéh lendir ing kalénjar sérviks, kanggo wanita lairan uga kontrasépsi.
Kesuburan
Ing bagian sérviks ana kang diarani kanal sérviks yaiku jalur mlebuné spérma mara ing rahim sawisé senggama.[8] Spérma kang isih urip ana ing lapisan éndosérviks kang dadi waduk anggoné spérma bisa urip nganti pirang-pirang jam nggawé maksimal anggoné pembuahan utawa ovulasi.[9]
lendir sérviks
Anané lendir sérviks kang jumlahé ora sithik ing bagéan éndosérviks kira-kira saben dinané 20–60 mg. Nalika ovulasi dadi 600 mg. Kandungan lendiré yaiku kalsiyum, natrium, kalium uga komponén organik kaya ta glukosa, asam amino, protéin. Ana manéh, kaya séng, tembaga, wesi, sélénium, asam lemak bébas, enzim amilase uga prostaglandin.[5]
Lairan/barbaran

Sakliyané dhuwur iku, sérviks dadi lakon kang utama anggoné mbiyantu lairan. Amarga, nalika (1) sirah jabang bayi, ngenet guluné rahim (sérviks) (2) berarti ngirim sinyal ing (3) utak. (4) Sinyal iki dikirim ana ing kalénjar pituari kanggo nguculaké oksitosin. (5) Oksitosin digawa getih mara ing rahim lan nyebabkaké kontraksi kango lairan utawa prosés persalinan.
Kontrasépsi
kontrasépsi ing kéné tegese ana metodé utawa cara kang gayut karo sérviks yaiku contoné diaphragm utawa diafragma sérviks lan cervical caps, bisa uga kasebut tutup sérviks. Diafragma sérviks yaiku piranti bahan plastik kang dibuntelké ing sérviks sakdurungé senggama. Metodé iki uga rada mirip karo metode cervical caps. Bedané iki kraket ing sérviks lan anané proses 'penyedotan''. Biasané prosés kontrasépsi loro iki digunakaké bareng karo spermicides.[10]
Lelara
Lelara kang bisa kena ing sérviks antarané yaiku:
Radhang
Radhang bisa uga diarani sévisitis. Radhang iki bisa mapan ana ing endsosérviks utawa éksosérviks.[11] Yén ana ing éndosérviks biasané kena gonoré utawa klamidia. Kanggoné wong ngandhut lelara iki ora katon tandah-tandhné.[12]
Kanker
Lelara kang paling akéh lan nyebakaké ninggal yaiku kanker sérviks, biasané kanker sérviks iki gayut karo involves human papillomavirus (HPV)[13][14] HPV duwéni jinis akéh lan biasané dadi predisposisi kanker ing jaringan épitél sérviks. Jaringan iki dadi mula bukané lelara kanker.[15] Senajan ana vaksin kanggo HPV kaya ta Gardasil lan Cervarix.
Anatomi ora normal
Tegesé saka anatomi kang ora normal yaiku anané owah-owahan saluran ing sérviks kang dadi ciyut diarani stenosis sérviks. Trauma kang dadi sebab saka diangkaté jaringan merga ana kanker. Ora delok iku mung kanggo praduga utawa pengobatan. Kabéh padha nuwuhaké prekara kang kudu diwaspadani.[14]
Remove ads
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads