SPQR
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
SPQR iku cekakan saka tembung Latin Senatus Populusque Romanus. Tegesé ya iku: "Senat lan Rakyat Roma."

Ukara iki katulis ing cagak-cagak legiun Roma lan jeneng resmi Républik Roma lan Kakaisaran Romawi. Ukara iki uga katulis ing lambang kutha Roma modern lan mulané uga katulis ing endi-endi, saka tutupan gorong-gorong nganti fasade gedhong-gedhong ing kutha.
Akèh vèrsi sing dicaritakaké bab tegesé cekakan iki, miturut dhéklinasi (takrifan) "R"; Romanus ("Rakyat Roma") lan Romæ ("Rakyaté saka kutha Roma"). Anging sing umum dhéwé katulis ing cagak Trajan: Senatus Populusque Romanus, lan vèrsi iki sing akèh dhéwé dienggo.
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads