Saté Blora

From Wikipedia, the free encyclopedia

Saté Blora
Remove ads

Saté Blora iku panganan awujud daging kang diiris cilik-cilik banjur disunduki lan digarang. Saté Blora ora pati béda karo saté saka tlatah liyané, ya iku digawé saka

  1. iwak sapi,
  2. iwak wedhus utawa
  3. iwak pitik.
     
Thumb
Sate Blora
Thumb
Sate Blora plus kuah
Thumb
Sate Blora Klender
Thumb
Sate Blora Kalibata

kang disunduki nganggo sujèn terus digarang nganggo areng.

Remove ads

Kaistiméwaan Saté Blora

Istiméwané saté Blora iku, luwih luwih "saté ayam" é, pancèn mirasa, sebab bahan bakuné saka daging pitik kampung sing isih enom, dadi iwaké ora alot, tur krasa arum lan rada legi. Séjéné iku, sing marakaké luwih mirasa amarga disajèkné nalika isih panas. Yèn wis rada adhem, rikat rikat dijupuk karo bakulé terus dipanasi manèh. Gunggung saté sing dipangan diweruhi kanthi ngétung sujènné sadurungé mbayar. Bumbuné sambel kacang biyasa, ditambah kecap, diwènèhi jinten sithik. Paling cocog yèn segané diwènèhi duduh soto èncèr sing rupané kuning. Sawetara bakul saté Blora isih mbungkus dagangané nganggo godhong waru[1], utawa godhong jati, nanging saiki wis akèh kang diwadhahi piring

Remove ads

Pangggonan

Ing Blora

Yèn ing Blora, biyasa didhasarké ing Koplakan (Terminal), ing Dhepot Gajah lan sawatara panggonan liyané (Saté Pak Samiran), Blora.

Ing Jakarta

Yèn ing Jakarta, antarané ana ing:

  • Sate Tujiro, (saiki wis tutup)
  • Klapa Gadhing
  • Saté Pak Agus Klèndher
  • Saté Blora Kalibata

Uga ing panggonan liyané kaya ta ing Roxi, BSD lll.

Ing Surabaya

Yèn in Surabaya ana ing Dalan Pacar Keling (Pasar Pacar Keling mangulon) Sate Blora ing dalan Pahlawan Surabaya [2]

Remove ads

Réferènsi

<Réferènsi/>

Uga delengen

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads