Sekotèng

ombenan khas indonesia From Wikipedia, the free encyclopedia

Sekotèng
Remove ads

Sekotèng inggih punika salah satunggaling jinis ombèn-ombèn tradhisional kas Jawa Tengah. Sekotèng dipundamel saking bahan dhasar jaé lajeng dipunsukani gendhis pasir saha ubarampé sanèsipun. Unjukan sekotèng punika écanipun manawi dipununjuk nalika taksih bentèr dados saged damel badan kraos anget. Bahan-bahan sanèsipun ingkang asring dipuncampur wonten ing sekoteng ing antawisipun wonten kacang ijo, kacang brol, pacar cina, saha roti ingkang dipuniris alit-alit. Limrahipun sekotèng dipunsajèkaken ing wekdal dalu. Sekotèng limrahipun dipunsadé nganggé grobag pikul ingkang sisih satunggal kanggé papan panci isi toya jaé sakomporipun, ingkang sisih satunggalipun kanggé papan ndekekaken bahan-bahan campuran sekotèng saha papan kanggé ngracik sekotèng.

Aksara Latin
     
Thumb
Sekotèng
Thumb
Bahan-bahan kanggé damel sekotèng
Remove ads

Bahan-bahanipun

Bahan-bahan ingkang dipunbetahaken kanggé damel duduh sekotèngipun inggih punika kados makaten:[1]

Bahan-bahan ingkang dipunbetahaken kanggé damel duduh sekotèngipun inggih punika kados makaten :[2]

  • 2 kebèt roti tawar tanpa kulit, dipunkethok alit-alit
  • 50 gr kacang tanah dipungangsa
  • 50 gr kacang ijo, dipungodhog ngantos empuk
  • 50 gr kolang-kaling, dipungodhog ngantos empuk ugi
  • 50 gr pacar cina, dipungodhog ngantos empuk ugi
  • susu kenthel legi
Remove ads

Caranipun Damel

Caranipun damel wédang sekotèng punika gampil sanget, napa malih sapunika sampun wonten sekotèng ingkang wungkusan ingkang namung kantun dipunsukani jarang panas kémawon tanpa prelu ngracik satunggal-satunggal bahan-bahanipun. Déné caranipun damel wedang sekotèng inggih kados makaten:

  1. Toya dipungodhog ngantos umub sareng gendhis pasir, jaé, ron pandan, adas, saha kayu legi. Manawi sampun umub lajeng dipunangkat lan saged dipunsisihaken rumiyin.
  2. Mendhet sakedhik-sakedhik sadaya bahan-bahan kanggé isinipun lajeng dipuntata wonten ing mangkok alit, lan duduh sekotèng ingkang taksih panas saged dipunlebetaken wonten ing mangkok wau. Badhé langkung éca dipunsamèktakaken nalika taksih bentèr sekotèngipun.
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads