Spagèti

panganan mligi saka Itali From Wikipedia, the free encyclopedia

Spagèti
Remove ads

Spagèti (basa Italia spaghetti) yakuwi pasta bunder asli saka Italia kang wujudé dawa kaya biting.[1] Spagèti kagawé saka semolina utawa glepung lan banyu. Spagèti garing saka Italia kagawé saka durum gandum semolina, nanging sajabane Italia, spagèti kagawé saka glepung. Spagèti paling tradhisional dawane 50 cm (20inci), nanging dawane dadi misuwur sasuwéné separo abad kang kapindho ing abad kaping 20 lan saiki spagèti sumadya ing dawané 25–30 cm (10-12 inci). Jinisé spagèti ya iku spagèti keju, spagèti mrica, spagèti lenga lan bawang dienggo ing spagèti tomat, spagèti daging, lan spagèti kanthi saus liyané. Spagèti iku wujud jamak basa Italia kang duwé teges benang, déné tembung spaghetto kang pérangan cilike tembung Spago, tegesé "tipis".

Thumb
Spagèti kang wis digodhog lan durung diwènèhi apa-apa
Thumb
Spagèti klasik kanthi saus Carbonara.
Thumb
Spagèti

Ing masakan Italia, spagèti disajekaké kanthi saos tomat, kadhang-kadhang uga nganggo jinis-jinis herbal (kaya ta oregano lan basil), lenga zaitun, daging, utawa janganan. Spagèti jinis liyané disajekaké kanthi migunakaké saus bolognese, alfredo lan carbonara. Kanggo nambahi rasa bisa ditambahi keju, kaya ta Pecorino Romano, Parmesan lan keju Asiago, kang asring ana. Kadhang-kadhang spagèti uga disajèkaké nganggo lombok.

Rekor donya kanggo samangkuk spagèti gedhé dhéwé digawé ing sasi Maret 2009 lan dibaleni manèh ing sasi Maret 2010 ing restoran Garden Grove, Buca di Beppo. Ing sajabane Los Angeles bisa ngisi bèji kanthi punjul £ 13.780 (6.251 kg) pasta.[2]

Remove ads

Cathetan sikil

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads