Surat Az Zumar
surat kaping 39 ing Al Qur'an From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Surah Az-Zumar (Arab: الزمر , "Rombongan-Rombongan") iku surat angka 39 sajeroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Makkiyah, dumadi saka 75 ayat. Dijenengaké Az-Zumar kang tegesé Rombongan-Rombongan amarga tembung Az-Zumar kang ana ing ayat 71 lan 73 surat iki. Sajeroning ayat-ayat mau dijlèntrèhaké kaanan manungsa ing dina kiyamat sawisé dihisab, ing wektu iku manungsa kapérang dadi rong rombongan; siji rombongan digawa menyang neraka lan siji rombongan manèh digawa menyang swarga. Saben rombongan olèh walesan saka apa kang dilakoni ing donya. Surat iki dijenengaké uga Al-Ghuraf kang tegesé Kamar-Kamar amarga tembung Ghuraf kang ana ing ayat 20, kang nerangaké kaanan kamar-kamar ing swarga kang ditampa déning wong-wong kang takwa.
Remove ads
Pokok-Pokok Isi
- Kaimanan
Dalil-dalil angka Esaan lan kakuwasan Allah; malaékat-malaékat kumpul ing saubengé 'arsy tasbih marang Allah; ing dina kiyamat saben wong duwé cathetan amalané dhéwé-dhéwé.
- Kisah-kisah
Préntah agawé murni kataatan marang Allah; larangan putus pangarepan marang rahmat Allah.
- Liya-liya
Tabiat wong-wong musyrik sajeroning kaanan seneng lan susah; perumpamaan sajeroning Kuran lan paédahé; dahsyaté dina kiyamat; rainé wong musyrik lan luh-é wong mukmin ing dina kiyamat; janji Allah ngampuni wong-wong kang salah yèn padha tobat.
Remove ads
Pelajaran saka surat iki
Saka surat Az-Zumar bisa dijupuk wulangan sebagai berikut:
- Al-Quran wujud pituduh kang paling sampurna tumrap manungsa.
- Saben makluk bakal mati lan ing akhirat bakal dihisab ngenani amalan-amalané.
- Senadan akèh dosané, manungsa ora kena ilang pangarepan marang rahmat Allah.
Pranala njaba
![]() |
Wikisumber bahasa Jawa gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |
Surat Sadurungė: Surat Shaad |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Mu’min |
Surat 39 |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads