Titik lebur
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Titik lebur saka sawijining barang padhet iku suhu barang mau bakal owah wujudé dadi barang cair. Suwaliké, yaiku saka cair dadi padhet) karan titik beku.
Ana ing sawatara barang, titik lebur lan titik beku racaké padha. Conto, titik lebur lan titik beku saka "raksa" yaiku 234,32 kelvin (-38,83 °C utawa-37,89 °F) Nanging, sawatara subtansi liya duwé temperatur beku <--> cair kang béda. Conto "ager-ager", mencair ing suhu 85 °C (185 °F) lan mbeku ing suhu 32-40 °C (89,6-104 °F); fenomena iki dikenal minangka hysteresis.
Sawetara barang liyané, kaya déné kaca, bisa dadi atos tanpa ngristal luwih dhisik; bab iki karan amorphous solid
Ora kaya titik didih, titik lebur ora kapengaruh déning tekanan. Titik lebur penting banget kanggo dingerteni, utamane ing ilmu kimia lan teknik, amarga saka kéné bisa ngerti karakter barang kasebut. Contone, logam kaya emas lan wesi duwé titik lebur dhuwur, mula kudu suhu dhuwur banget kanggo ngleburké. Titik lebur uga dipigunakaké kanggo mriksa kemurnian bahan. Barang sing murni biasane leburé ana ing suhu tetep, nanging nek ana campurané, titik leburé bisa nyebar utawa owah. Mulane, ngerti titik lebur bisa mbantu para ilmuwan lan teknisi nalika ngolah utawa nguji bahan.
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads