Tuma sirah

gegremetan kemladheyan kanggo manungsa From Wikipedia, the free encyclopedia

Tuma sirah
Remove ads

Tuma inggih kéwan ingkang nyesep getih ingkang wonten mustaka (sirah) manungsa. Tuma punika gadhah ukuran alit, lan boten katawis manawi ditingal namung saklébatan, tuma ugi wonten ingkang mondhok wonten ing kéwan. Endog tuma ingkang wonten ing sirah manungsa dipunwastani lingsa, limrahipun tumèmplèk wonten ing rikma (rambut manungsa). Lingsa punika manawi netes lajeng dados kor (anakan Tuma)

Sunyata Rikat Setatus konservasi, Klasifikasi ngèlmiah ...
Remove ads

Tandha-tandha wontenipun tuma

  • Raos gatel ing sirah, kasebabaken wontenipun dat ingkang wonten ing iler tuma.
  • Tandha-tandha warna abrit ing kulit sirah, gulu lan sawingkingipun kuping.
  • Wonten endhog tuma utawi lingsa ingkang katingal gilap awarni pethak. Lingsa puniki katingal kados ketombé nanging sesah copotipun.

Panularan

Tuma gampil nular lumantar:

  • Sikat rambut.
  • Jungkas
  • Topi.
  • Tutup sirah sanèsipun.

Cara ngicali

  • Dipunpétani, inggih punika tuma ing mustaka dipunpadosi ngagem asra utawi pétan.
  • Dipunjungkati ngagem jungkat ingkang rapet serit.
  • Dipun paringi obat ngagem obat mirunggan tuma, kados ta peditox.
Thumb
tuma jaler (kiwa) lan tuma wadon (tengen)
Thumb
Tuma jaler

Ugi pirsani

Pranala njawi


Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads