Viètnam
naga ing Asia Kidul-Wétan From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Viètnam utawa resminé Républik Sosialis Viètnam iku siji nagara ing Asia Kidul-Wétan dharatan. Nagara iki ing sisih lor mawatesan karo Républik Rakyat Cina, karo Laos (nagara) ing sisih lor-kulon, karo Kamboja ing sisih kidul-kulon lan karo Sagara Cina Kidul ing sisih kulon. Nagara iki kang ndunungi 85 yuta jiwa. Nagara iki sajatiné ciyut dawa mawa pasisir ing sisih kulon, jembaré 331.689 km2. Viètnam kutha krajané yaiku Hanoi.
Ing taun 2006 nagara iki nduwé patuwuhan ékonomi kang dhuwur dhéwé ing Asia Kidul-Wétan. Patuwuhan GDP-né 8,17%.
Remove ads
Démografi
Agama
Mayoritas kang ndunungi Viètnam iku ngrasuk agama Buda Mahayana (82%). Banjur kurang luwih 7% kang ndunungi ngrasuk agama Katulik Roma. Kajaba iku uga ana wong kang ngrasuk agama Islam, lumrahé wong-wong Campa.
Deleng uga
- Hanoi
- Kutha Ho Chi Minh (Saigon)
- Kali Mekong
- Perang Vietnam
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Vietnam.
Pranala njaba
- Situs Départemèn Luar Negeri Viètnam Archived 2009-10-20 at the Wayback Machine.
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads