Werna wèb

werna kang dipigunakaké nalika ngerancang kaca web From Wikipedia, the free encyclopedia

Werna wèb
Remove ads

Werna wèb ya iku warna-warna kang dipigunakaké sajeroning ngrancang kaca wèb, lan uga cara ndèskripsèkaké lan spesifikasi saka warna-warna mau.

Thumb
Conto palet warna

Perancang wèb duwé kabébasan sajeroning milih warna kang bakal minangka èlemèn-èlemèn dhokumèn wèbé. Werna-warna kang dimaksud bisa dispesifikasèkaké nganggo triplet RGB sajeroning format heksadesimal (karan uga minangka triplet heksadesimal). Cara liya ya iku kanthi ngarujuk warna-warna mau nganggo jenengé sajeroning basa Inggris, nanging cara iki mung wates kanggo warna kang wis dikenal utawa dirumusaké. Kanggo variasi-variasi warna liya lumrahé dipigunakaké piranti lunak grafik utawa perkakas warna. Ing sisih tengen iki conto sawijining palet warna kang dumadi saka 2048 warna.

Remove ads

Sajeroning HTML

Sajeroning kaca wèb kang nganggo format HTML warna-warna wèb bisa dipigunakaké liwat dhéfinisi stil (style) sawijining entitas. Mèh saben entitas HTML diwasa iki njurung panggunaan stil.

<b style="color:#FF9329;">Conto panggunaan werna #FF9329 ing tag b jroning HTML.</b>

bakal mènèhi warna

Contoh penggunaan warna #FF9329 pada tag b dalam HTML.

utawa yèn migunakaké referensi jeneng, upamané 'Tomato'

<b style="color:Tomato;">Contoh panggunaan werna 'Tomato' ing tag b jroning HTML.</b>

bakal mènèhi warna

Conto panggunaan warna 'Tomato' ing tag b sajeroning HTML.

Cara kang padha uga bisa kanggo tag-tag HTML liyané. Bisa uga implementasi warna wèb iki digunakaké nganggo CSS.

Remove ads

Triplet RGB

Triplet RGB dumadi saka enem karakter heksadesimal kang saben loro-loro karakter nyatakaké entitas saka Red (abang), Green (ijo) lan Blue (biru). Aji-aji kang bisat diisèkna kanggo saben entitas RBG iki ya iku saka 00 nganti FF. Utawa sajeroning angka desimal 0 nganti 255.

Katerangan liyané Triplet Heksadesimal, Heksadesimal ...

Saben loro karakter saka R, G lan B bisa uga dirépresèntasèkaké sajeroning siji byte (wolung bit), saéngga RGB dhéwé bisa dirépresèntasèkaké sajeroning sawijining entitas kanthi ukuran 3 byte:

byte 1: aji abang (R)
byte 2: aji ijo (G)
byte 3: aji biru (B)
Remove ads

Jeneng-jeneng warna HTML

Spesifikasi HTML 4.01 ndhèfinisèkaké nembelas warna. Werna-warna iki uga dispèsifikasèkaké minangka RGB sajeroning spesifikasi HTML 3.0 kanthi cathetan warna-warna iki asalé dijupuk saka palèt standar 16 warna kang dijurung déning palèt VGA Windows 1,2.

Katerangan liyané Nomer VGA, Jeneng VGA ...

Jeneng-jeneng warna X11

Minangka tambahan, sawatara warna didhefinisèkaké déning sawatara panjelajah wèb kaya Internet Explorer utawa Mozilla Firefox. Sawijining panjelajah wèb manawa ora bisa ngenali kabèh warna iki, nanging wiwit taun 2005 kabèh panjelajah wèb modèren njurung kanthi pepak warna-warna kang kadaftar. Akèh saka warna-warna iki dijupuk saka pratélan warna-warna X11 kang didistribusèkaké bebarengan karo sistem X Window, Werna-warna mau wis distandarisasi déning SVG 1.0 lan dijurung déning agèn-agèn pangguna SVG Full, nanging dudu péranganing SVG Tiny.

Werna-warna abang (9)

Katerangan liyané Jeneng HTML, Heksadesimal ...

Werna-warna pink (6)

Katerangan liyané Jeneng HTML, Heksadesimal ...

Werna-warna jingga (6)

Katerangan liyané Jeneng HTML, Heksadesimal ...

Werna-warna kuning (11)

Katerangan liyané Jeneng HTML, Heksadesimal ...

Werna-warna ungu (17)

Katerangan liyané Jeneng HTML, Heksadesimal ...

Werna-warna ijo (23)

Katerangan liyané Jeneng HTML, Heksadesimal ...

Werna-warna biru (25)

Katerangan liyané Jeneng HTML, Heksadesimal ...

Werna-warna soklat (17)

Katerangan liyané Jeneng HTML, Heksadesimal ...

Werna-warna putih (17)

Katerangan liyané Jeneng HTML, Heksadesimal ...

Werna-warna klawu (10)

Katerangan liyané Jeneng HTML, Heksadesimal ...
Remove ads

Werna-warna aman kanggo wèb

Ana sawijining kumpulan saka 216 warna kang dinyatakaké minangka palèt warna "wèb-aman", kang dikembangaké nalika komputer wektu iku mung bisa nyajèkaké 256 warna.

Thumb
Kubus warna 3x3x3

Tabel ing ngisor iki disajèkaké enem aji utawa tataran warna saka kamungkinan 256 warna.

Katerangan liyané digit, heksadesimal ...

Sajeroning tabel ing ngisor iki disajèkaké warna-warna "aman-wèb" kang kasusun saka telung digit aji kaya katulis sajeroning tabel sadurungé.

Werna aman-wèb
000 300 600 900 C00 F00 003 303 603 903 C03 F03
006 306 606 906 C06 F06 009 309 609 909 C09 F09
00C 30C 60C 90C C0C F0C 00F 30F 60F 90F C0F F0F
030 330 630 930 C30 F30 033 333 633 933 C33 F33
036 336 636 936 C36 F36 039 339 639 939 C39 F39
03C 33C 63C 93C C3C F3C 03F 33F 63F 93F C3F F3F
060 360 660 960 C60 F60 063 363 663 963 C63 F63
066 366 666 966 C66 F66 069 369 669 969 C69 F69
06C 36C 66C 96C C6C F6C 06F 36F 66F 96F C6F F6F
090 390 690 990 C90 F90 093 393 693 993 C93 F93
096 396 696 996 C96 F96 099 399 699 999 C99 F99
09C 39C 69C 99C C9C F9C 09F 39F 69F 99F C9F F9F
0C0 3C0 6C0 9C0 CC0 FC0 0C3 3C3 6C3 9C3 CC3 FC3
0C6 3C6 6C6 9C6 CC6 FC6 0C9 3C9 6C9 9C9 CC9 FC9
0CC 3CC 6CC 9CC CCC FCC 0CF 3CF 6CF 9CF CCF FCF
0F0 3F0 6F0 9F0 CF0 FF0 0F3 3F3 6F3 9F3 CF3 FF3
0F6 3F6 6F6 9F6 CF6 FF6 0F9 3F9 6F9 9F9 CF9 FF9
0FC 3FC 6FC 9FC CFC FFC 0FF 3FF 6FF 9FF CFF FFF
*Tabel disalin saka en:Web colors.
Remove ads

Werna-warna kang bener-bener aman kanggo wèb

Werna-warna kang bener-bener aman wèb
000 F00 003 F06 00F F0F 0F0 6F0 FF0 3F3 6F3
FF3 0F6 3F6 CF6 FF6 0FC 3FC 0FF 3FF 6FF FFF
* tabel disalin saka de:Webfarben.

Warna-warna CSS

Basa Cascading Style Sheets ndhefinisèkaké cacahing warna kang padha karo warna-warna sajeroning spesifikasi HTML 4. Minangka tambahan CSS 2.1 nambahaké warna 'orange' ing pratélan mau.

Katerangan liyané Heksadesimal, Nama ...
Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads