WikiLeaks

From Wikipedia, the free encyclopedia

WikiLeaks
Remove ads

WikiLeaks utawa Wikileaks iku sawijining organisasi internasional kang markasé dumunung ing Swédia.[2] Situs Wikileaks mbabar dhokumèn-dhokumèn winadi kanthi njaga idhèntitas para sumber-sumberé. Situs mau diluncuraké ing taun 2006. Wektu iki alamat situs wis dialihaké menyang http://www.wikileaks.ch kanggo alesan kaamanan.

Sunyata Rikat Jinising situs, Kang duwé ...

Organisasi iki diadegaké déning disidhèn pulitik Cina, lan uga jurnalis, matematikawan, lan para tèknolog saka Amérikah Sarékat, Taiwan, Éropah, Australia, lan Afrika Kidul.[1] Artikel koran lan kalawarti The New Yorker njlèntrèhaké yèn Julian Assange, jurnalis lan aktivis internèt Australia, minangka dirèktur Wikileaks.[3] Situs Wikileaks migunakaké mesin MediaWiki.

WikiLeaks wis menangaké sawatara bebungah, kalebu New Media Award saka kalawarti The Economist ing taun 2008.[4]

Ing sasi Juni 2009, WikiLeaks lan Julian Assange menangaké UK Media Award saka Amnesty International (kategori New Media) kanggo publikasi taun 2008 lan judhulé Kenya: The Cry of Blood – Extra Judicial Killings and Disappearances,[5] sawijining laporan déning Komisi Nasional Hak Asasi Manusia Kenya prakara rajapati déning pulisi ing Kenya.[6] Ing sasi Mèi 2010, New York Daily News ndokok WikiLeaks ing peringkat kapisan minangka "situs kang tenan-tenan bisa ngowahi warta".[7]

Remove ads

Cathetan sikil

Uga delengen

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads