Wong Boyko
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Wong Boyko (Cyrillic: бойки, Polish: Bojkowie , Slovak: Pujďáci ), utawa Wong Gunung (verkhovyntsi) ya iku sawijining golongan étnografis Ukraina sing dumunung ana ing Pagunungan Karpathia ing Ukraina lan Polen. Bebarengan karo tanggané, wong Lémko lan wong Hutsul, wong Boyko minangka sub-golongan saka wong Ukraina lan nyaturaké dhialèké basa Ukraina.[3][4] Wong Boyko béda saka tangga-tanggané ing bab dhialèk, busana, arsitèk rakyat, lan adat.
Ing Ukraina, panggolonganing wong Boyko lan wong Rusyn liyané minangka sawijining étnisitas Slav Wétan, sing béda saka wong Ukraina iku minangka bab sing kontrovèrsial.[5][6][7][7](Istilah kuna Ruténian, sanajan kuwi purwané saka tembung Rus', istilah kuwi ngemu ambiguitas, amarga istilah mau satemené ngrujuk marang wong Rusyn lan wong Ukraina, uga wong Bélarus sarta uga wong Ruslan, gumantung jaman sujarahé.) Miturut cacah sirah Ukraina 2011, mung ana wong 131 sing nganggep dhèwèké wong Boyko, séjé saka wong Ukraina.[8] Nanging, angka iki salah yèn kadeleng saka rong alesan: (1) sawenèh wong nganggep tembung Boyko iku tembung sing ngrèmèhaké; (2) ing cacah sirah Polen 2011, ana wong 258 sing nganggep dhèwèké abangsa Boyko kanthi wong 14 ing antarané nandhesaké yèn iku siji-sijiné bangsa sing didhakoni dhèwèké,[9] Ing sènsus Polen ing taun 2011, 258 wong nganggep dhiriné minangka kabangsan Boyko, kanthi 14 wong ndhakoni mung iku jatidhiri bangsané. [citation needed]
Remove ads
Wewengkon
- Polen: Pérangan paling kidul-wétan saka Polen (Podkarpackie Voivodeship).
- Ukraina: Karpathia tengah lan separon pérangan kuloné ing Ukraina nyrambahi wewengkon Lviv Oblast (Skole, Turka, Drohobych, Sambir lan Stary Sambir Raions), Ivano-Frankivsk Oblast kulon (Dolyna lan Rozhniativ Raions) lan pérangan kidul-wétané Zakarpattia Oblast (Mizhhiria Raion)
- Slowakia lor-wétan
Ing kuloné Boykos ana wong Lémko sing manggoni, wétan utawa kidul-wétan-wong Hutsul, kidul utawa kidul-kulon-Wong Rusyn Karpathia.
- Ethnographic groups of southeasternmost Poland, Boykos in dark blue.
Remove ads
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads