Yahudi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Yahudi iku istilah kang rada rancu sebab bisa tegesé sawijining agama utawa bebrayan. Yèn dideleng miturut agama, istilah iki tegesé umat agama Yahudi, ora peduli saka katurunan Yahudi apa dudu.
Miturut ètnisitas, tembung iki tegesé katurunan Eber (Purwaning Dumadi 10:21) utawa Yakub, anak Ishak, anak Abraham (Ibrahim) lan Sarah. Etnik Yahudi uga kalebu Yahudi kang ora nganut agama Yahudi nanging duwé idhèntitas Yahudi saka segi tradhisi.
Remove ads
Sapa kang berhak karan Yahudi?
Cithakan:Yahudi Halakha, utawa hukum-hukum agama Yahudi, mènèhi dhéfinisi Yahudi tumarap sadhéngah wong kang:
- ibuné Yahudi; utawa
- kang nganut agama Yahudi miturut hukum-hukum Yahudi.
Dhéfinisi iki diwajibaké déning Talmud, sumber Hukum-Hukum ora tinulis kang nerangaké Torèt, kitab suci asal hukum-hukum Yahudi (lima kitab pisanan kitab Tanakh/Perjanjian Lawas). Miturut Talmud, dhéfinisi iki dianggo wiwit pawèwèh Sepuluh Perintah Allah ing Gunung Sinai kira-kira 3.500 taun kapungkur marang nabi Musa. Sejarawan Yahudi non-Ortodoks yakin yèn dhéfinisi iki ora dianut saéngga ora suwé lumakuné, nanging ngakoni yèn dhéfinisi iki digunakaké saora-orané 2.000 taun nganti saiki.
Remove ads
Golongan Yahudi
Dewasa ini ada dua kelompok Yahudi utama:
- Kaum Ashkenazim
- Kaum Sefardim
- Kaum Mizrahim atau "Orang dari Timur"
Anti-semitisme
Sajeroning ma-abad-abad wong Yahudi akèh didiskriminasèkaké déning wong Kristen ing Éropa lan uga déning | |} ing Wétan Tengah sanadyan dianggep 'ahli kitab' déning Muslim. Diskriminasi marang wong Yahudi iki kanthi mirunggan karan antisemitisme. Puncak diskriminasi iki kadadéan jaman Perang Donya II, ya iku nalika punjul enem yuta wong Yahudi dipatèni ing Éropa déning kaum Nazi Jerman.
Uga delengen
- Israèl
- Jewish Language Contact (=International Journal of the Sociology of Language 226), Zuckermann, Ghil'ad (2014).
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads