Langit, awang-awang, tawang, utawa akasa yaiku pérangan ing pedunungngé bumi, lan uga bisa digolongake ing lapisan kang mau atmosfer. Awang-awang kapengkar saka gas lan udara, uga kapengkar dadi saben pérangan lapisané. Awang-awang uga asring katon kanthi warna biru, amarga sorotan cahya, uga awang-awang bisa wernané liya ,kaya ta abang ing wektu soré, utawa ireng ing wektu udan.
Langit sing peteng ing wayah sandékala utawa ing wayah wengi
Pitembungan langit wengi mangku teges langit sing kasawang nalika wengi. Istilah iki lumrahé gegayutan karo astronomi sing tegesé sesawanganing wewujudan langit kaya ta lintang, rembulan, lan planit-planit sing katon cetha ing langit sawisé wayah surup. Sumbering sunar sing alami tumraping langit wengi kalebu sunaring rembulan, sunaring lintang, sorot udara (airglow), sing béda-béda gumantung papan lan wektuné. Aurora borealis nyunari langit ing Arktik, déné aurora australis ing kukuban Antarktik. Kala-kala, precetan gedhé koronah sing asalé saka srengéngé utawa angin srengéngé sing gedhé bisa njalari aurora nyandhak katulistiwa.