Lingsang tutul ya iku lingsang kang ana ing Asia Kidul-wétan. Kéwan iki sumebar amba sanajan cacahé mung sethithik lan arang kacathet, lan kalebu Ora Nyamari dening IUCN.
Lingsang utawa wlingsang ya iku tembung saka basa Jawa kanggo patang spésies karnivora mamalia cilik kang uripé ing wit-witan. Loro spésies saka Afrika kalebu kulawarga Viverridae, déné rong spésies saka Asia kalebu kulawarga Prionodontidae.