Aleppo
Aleppo wujud kutha gedhé dhéwé kaloro ing Suriah, sawisé Damaskus, kutha krajan Suriah. Gunggung sing ndunungi 2.130.000 jiwa (2005). Kutha Aleppo kalebu kutha tuwa dhéwé ing donya, wis ana wiwit taun 2000 SM. Kutha iki biyèn jenengé Halab. Sajeroning naskah Babilonia Kuna, jeneng Halab wis karan, mangkono uga jeneng Aleppo sajeroning inskripsi Mesir Kuna. Aleppo owah jenengé dadi Beroia déning Seleucus Niktator nalika mangsa Karajan Seleukus. Amarga papan Aleppo sing strategis banget minangka pusat padagangan, wis akèh bangsa sing asring nelukaké Aleppo. Wiwit saka bangsa, Hitit, Mesir lan Asiria, Pèrsi, Macedonia, Romawi, Arab, Tatar (1260), Mongol (1398), Kasultanan Utsmaniyah, lan Prancis. Kutha Aleppo dadi péranganing nagara Suriah wiwit taun 1944.