Imam Bonjol
Tuanku Imam Bonjol yaiku Pahlawan kang séda ing seberang, tepaté ing Minahasa cedhak karo Pineleng, Sulawesi Utara, nalika tanggal 6 November 1864. Dhèwèké asalé saka Sumatra Barat. Jeneng Tuanku Imam Bonjol iku gelar kang diwènèhi déning guru-guru agama ing Sumatra. Jeneng asliné Imam Bonjol yaiku Peto Syarif Ibnu Pandito Bayanuddin. Dhèwèké pemimpin kang paling kaloka wektu obahan Padri ing Sumatra, kang awal mulane nglawan perjudian, padu ayam,nganggo opium, ombenan keras, tembako, lan liya liyané. Nanging seteruse ngadakake perlawanan karo penjajahan Walanda, kang \bnjalari\b perang Padri(1821-1838). Wonten ing taun 1837, désa Imam Bonjol direbut déning Walanda, lan akhire Imam Bonjol nyerah. Dhèwèké terus diasingke ing pirang-pirang panggonan, lan pungkasané digawa ana ing Minahasa. Dhèwèké diakui dadi Pahlawan Nasional.