Malcolm X inggih punika salah satunggalipun tokoh muslim saking bangsa Afrika-Amérika ingkang misuwur kados déné Dr.Martin Luther King ing tansah mbudidaya ngicalaken sadaya dhiskriminasi mliginipun tumrap kaum Afrika-Amérika ingkang asring dipunkonotasikaken kaliyan bangsa négro ingkang tansah dipundhiskriminasi. Nalika yuswa 20 taun Malcom X dipunkunjara ngantos yuswa 27 taun amargi kasus nyolong. Ing pakunjaran punika Malcom X manggihi pencerahan, inggih amargi sampun wiwit tepang kaliyan agami Islam. Malcom X mangertos bab Islam amargi asring rayinipun ingkang sampun mlebet agami Islam. Amargi wonten pakunjaran ugi, Malcom X tepang kaliyan organisasi NoI lan tokoh Islam saking Amérikah Sarékat, Elijah Muhammad. Nalika yuswanipun 39 taun Malcom X tindak haji dhateng tanah Mekah, awit punika Malcom X wiwit mangertos werdinipun keadilan tumrap sadaya tiyang, tanpa mbentenaken warni kulit, bangsa, lan sapiturutipun. Malcolm X damel organisasi Afrika-Amérika ing tanggal 28 Juni 1964. Nalika tanggal 21 Fèbruari 1965, nalika taksih maringi ular-ular utawi sesorah ing salah satunggalipun hotèl ing New York, Malcom X tilar donya amargi dipunbedhil déning 3 tiyang saking bangsa Afrika-Amérika. Malcom X sampun nyebaraken visi antirasisme lan aji-aji Islam.