D

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

D kuwe aksara kaping papat nang alfabet Latin. Nang basa Indonesia disebut de (dewaca[ˈde]), angger nang basa Inggris lan Melayu disebut dee (dewaca[ˈdiː]). Nang basa Latin lan basa Indonesia, aksara kiye nglambangna fonem /d/, konsonan letup rongga-gigi bersuara.

Remove ads

Sejarah

Katerangan liyané Hieroglif Mesir "lawang" →, Proto-Semitik digg → ...

Aksara Semitik Dâlet berkembang sekang logogram sing artine "iwak" utawa "lawang". Ana akeh hieroglif Mesir sing dadi ilham nggo aksara kuwe. Nang basa Semitik, Yunani Kuno, lan Latin, aksara kiye nglambangna konsonan /d/; nang aksara Etruska aksara kiye kaya-kayane ora diperlokna, ningen esih dilestarikna (deleng aksara B). Aksara Yunani sing setara karo kiye yakuwe: Δ (gedhe) utawa δ (cilik) (Delta).

Bentuk aksara cilik "d", sing degawe sekang siji lekukan lan siji garis vertikal sing dhuwur, berkembang sekang variasi owah-owahanne bentuk aksara gedhe "D". Nang penulisan dong jaman gemiyen kuwe umum angger molai lekukan nang sisi kiwe garis vertikal, dadine ngasilna suatu serif nang dhuwure lekukan kuwe. Serif kiye disambung dong bagiyan sejen aksara kiye dilong, ngasilna suatu tangkai bersudut dan lengkungan. Banjur tangkai bersudut kiye owah dadi tangkai vertikal.

Remove ads

Penggunaan

Nang akeh basa sing nganggo alfabet Latin, aksara d nglambangna swara /d/, ningen nang alfabet bahasa Vietnam, aksara kiye dewaca /z/ nang lor lan /j/ (kaya "y" nang "ya") nang kidul.

Nang basa Jerman, aksara d monine /d/ (konsonan letup rongga-gigi bersuara), ningen owah dadi /t/ (konsonan letup rongga-gigi tak bersuara) angger ana nang mburi tembung.

Nang basa Fiji, aksara kiye nglambangna konsonan hambat pranasal /nd/.

Nang pirang-pirang basa sing konsonan hambat tak bersuara tanpa hembusan berlawanan karo konsonan hambat tak bersuara berhembusan, d nglambangna /t/ tanpa hembusan, sementara t uga monine /tʰ/ berhembusan. Conto-conto basa kuwe antarane basa Islandia, basa Gaelik Scot, basa Navajo, lan alih aksara pinyin kanggo basa Mandarin.

Nang angka Romawi, D nduweni biji 500, asale sekang separo (sing bijine 1000; ningen banjur, M sing dienggo dadi lambang 1000), mulane D dadi artine 500 (angka) utawa taun 500.

Remove ads

Kode komputasi

Representasi alternatif aksara D
Alfabet fonetik NATO Kode Morse
Delta –··
Thumb Thumb Thumb
Bendera isyarat Semafor Braille
Katerangan liyané Titik kode, Aksara gedhe ...

Deleng uga

  • Δ, δ (Delta)


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads