Kresna

From Wikipedia, the free encyclopedia

Kresna
Remove ads

Sri Bathara Kresna, asring disingkat Kresna, kuwe salah sijine tokoh nang donya wayang. Kresna kuwe raja sing bijaksana sekang negara Dwarawati, lan dianggep titisan Sang Hyang Wisnu. Kresna putra panengah Prabu Basudewa sekang kerajaan Mandura, lan ibune Dewi Mahindra. Kresna nang crita pewayangan nduwe senjata ampuh sing jenenge panah Cakra, lan kembang sekti Cangkok Wijayakusuma sing bisa nguripna wong kang mati sedurunge takdire. Kresna kuwe ya sesepuh Pandhawa sing paling ngerti strategi lan cerdik ngadepi mungsuhe nang perang Bharatayudha, yakuwe para kadang Kurawa. Sri Bhatara Kresna kuwe matine muksa (mati ngilang), bar perang kuwe rampung.

Thumb
Sri Bathara Kresna
Remove ads

Jeneng liya

  • Gopala : cah angon sapi
  • Madhawa : sing nggawa usum semi
  • Narayana : sing nglindungi wong akeh
  • Wasudewa : dewa sing atine resik
  • Padmanaba : jeneng paringane gurune yaiku Begawan Padmanaba nalika taksih remaja

Anak Garwa

Garwane ana lima, yaiku :

  • Dewi Radha (meh ora tau disebutake ing wayang nanging misuwur lan wigati ing budaya Hindu.) Prabu Sri Kresna lan Dewi Radha ora duwe anak.
  • Dewi Rukmini, nduwe anak jenenge Dewi Titisari lan Raden Saranadewa (jarang disebutna).
  • Dewi Jembawati, nduwe anak jenenge Raden Samba Wisnubrata.
  • Dewi Setyaboma, nduwe anak jenenge Raden Setyaka.
  • Dewi Pertiwi (widodari kayangan), nduwe anak jenenge Prabu Boma Nerakasura (Raden Setija) lan Dewi Siti Sundari
Remove ads

Deleng uga

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads