Sega Lengko
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Sega lengko kuwe hidangan sega sing dilengkapi bahan pelengkap antarane: tempe goreng, tahu goreng sing diiris-iris kaya dadu, kecambah (toge) godhog, timun (seger mentah, dicacah), brambang goreng, bumbu kacang (kaya bumbu rujak, pedas orane miturut selera), karo kecap manis. Biasane kecap manis sing digunakna ya kecap manis encer, dudu sing kenthel.

Sega lengko panganan sing dadi incerane wong nalika mudik aring Tegal. Regane murah, ya bisa terjangkau seka golongan bawah nganti golongan atas. Salah sijine, sega lengko sing enak neng jalan Setia Budi Mintaragen, Tegal.
Seliyane iku, sega lengko uga dadi panganan khas kota Cirebon.
mBalik ming:
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads
