Alessandra Ambrosio
From Wikipedia, the free encyclopedia
Alessandra Corine Maria Ambrósio[1] (pocapan Portegis: [aleˈsɐ̃dɾɐ ɐ̃ˈbɾɔzju]; lair 11 April 1981)[2][3] iku sawijining fotomodèl lan aktris Brazil. Dhèwèké dadi misuwur déné karyané kanggo Victoria's Secret lan kapilih dadi juru wicara produk PINK. Saiki Ambrosio iku salah sawijiné widadari Victoria's Secret lan uga tau dadi modèlé mèrek liya kaya ta Next, Armani Exchange, Christian Dior, lan Ralph Lauren.
Dhèwèké kerep diarani déning massa mèdia populèr minangka wong wadon sing sèksi dhéwé sadonya.[4] Minangka Widadari , dhèwèké dipilih déning kalawarti People pratélan taunan "100 Wong Sing Ayu Dhéwé ing Donya" ing Mèi 2007.[5]