Buda Tanah Murni
From Wikipedia, the free encyclopedia
Buda Tanah Murni
(Hanzi Sederhana: 净土宗; Hanzi Tradisional: 淨土宗; Pinyin: Jìngtǔzōng; Jepang: 浄土仏教[1], Jōdo bukkyō; Koréa: 정토종, jeongtojong; Vietnam: Tịnh Độ Tông), uga sinebut minangka Amidisme[2][3], ya iku sawijining cabang saka Buda Mahāyāna lan salah sijiné aliran kang paling akèh mraktikaken tradisi-tradisi Buda ing Asia Timur. Tanah Murni ya iku sawijining tradisi pengajaran Buda kang punjere ing Buda Amitābha.
Pure Land ngorientasikake praktik-praktik lan konsèp-konsèp kang tinemu ing pengajaran kosmologi Buda Mahāyāna, lan wujud komponèn saka tradisi Buda Mahāyāna ing Tiongkok, Jepang, Koréa, Vietnam, lan Tibet. Istilah "Buda Tanah Murni" minangka ndeskripsike soteriologi Tanah Murni saka Buda Mahāyāna, kang kondhang minangka "tradisi Tanah Murni" utawa "pengajaran Tanah Murni," lan béda karo sekte-sekte Tanah Murni kang ngrembaka ing Jepang. Ing Buda Jepang, piwulangan Tanah Murni dikembangake ing sekte-sekte institusional independen, kang bisa dideleng saka aliran Jōdo-shū lan Jōdo Shinshū.[4]