Dina Asyura
From Wikipedia, the free encyclopedia
Dina Asyura (عاشوراء) iku dina angka 10 ing sasi Muharram sajeroning kalèndher Islam. Déné asyura dhéwé tegesé kasepuluh.
Sunyata Rikat
|
Tutup
Dina iki dadi misuwur amarga tumrap kalangan Singah lan sapérangan Sufi minangka dina béla sungkawa marang kesyahidan Husain bin Ali, putu saka Nabi Islam Muhammad kang palastra sajeroning Paprangan Karbala taun 61 H (680). Nanging, kaum Sunni yakin yèn Nabi Musa ngayahi pasa ing dina mau kanggo èksprèsi kabungahan marang Allah amarga kaum Yahudi wis bébas saka Fira'un (Exodus). Miturut tradisi Sunni, Muhammad ngayahi pasa ing dina mau lan nyuwun wong-wong uga mèlu pasa.[1][2]