Edema paru
From Wikipedia, the free encyclopedia
Edema pulmonary ya iku cairan kang kakumpul ana ing gronggongan hawa lan parenkim paru-paru kang nyebabaké gangguan obahing hawa lan ndadékaké gagal napas. Kedadéyan iki amarga gagaling jantung kanggo ngompa getih supaya metu saka sirkulasi paru, utawa amarga cedera parenkim utawa pembuluh paru.[1] Anggoné nambani édéma paru fokus ing telung aspèk: kang sapisanan ya iku ngundhakaké fungsi napas, kang nomer loro nambani panyebab, lan katelu nyegah karusakan kang luwih nemen. Edema paru, mliginé ing fasé akut, bisa nyebabaké gangguan ambegan, serangan jantung amarga hipoksia, lan pati.