Flavonoid
From Wikipedia, the free encyclopedia
Flavonoid yaiku senyawa kang kasusun saka 15 atom karbon kang racaké sumebar ing tuwuhan.[1] Luwih saka 2000 flavonoid kang asalé saka tuwuhan wis diidentifikasi, nanging ana telung golongan kang umum disinau, yaiku antosianin, flavonol, lan flavon.[2] Antosianin (saka basa Yunani anthos, kembang lan kyanos, biru-tuwa) yaiku pigmen warna kang racaké ana ing kembang duwé warna abang, ungu, lan biru.[2] Pigmen iki uga ana ing pirang-pirang pérangan tuwuhan liyané tuladhané, woh-wohan tertentu, pang, godhong lan ing oyot. Flavnoid kerep ana ing sel epidermis.[2] Akeh-akèhé flavonoid ana ing vakuola sel tuwuhan sanajan panggonan sintesisse ana ing njaba vakuola.[2]