Keistimewaan Daerah Yogyakarta
From Wikipedia, the free encyclopedia
Yogyakarta minangka salah sawijining laladan utawa provinsi ing Indonésia kang duwé kabudayan kang isih luhur, kaya kabudayan ing Bali. Daerah Istimewa Yogyakarta iku kondhang karo salah sawijining Karaton, ya iku Karaton Ngayogyakarta. Provinsi kang duwé status istiméwa utawa otonomi mirunggan. Status iku minangka salah sawijininéwarisan saka jaman sadurungé Indonésia mardika. Kasultanan Yogyakarta uga Kadipatén Paku Alaman, dadi écikal bakal utawa asal-usul ing DIY, duwé status dadi "Keraajaan Vasal/Praja/Dependent state" rikala pamaréntahané penjajah wiwit saka VOC, Hindia Prancis (Republik Bataav Walanda-Prancis), India Timur/EIC (Karajan Inggris), Indhiya Nèderlan (Karajan Nederland), lan terakhir Wadya Angkatan Darat XVI Jepang ([[Kekaisarané Jepang).[1] Awit saka iku, Walanda utawa Nagara Walanda status iku diarani Zelfbestuurende Lanschappen lan olèh Jepang diarani Koti/Kooti.[1] Status iki duwé konsekuensi ukum lan pulitik wujud wewenangan kanggo ngatur lan ngurus wewengkon nagarané.[1]