Koala
From Wikipedia, the free encyclopedia
Koala punika satunggaling marsupial hèrbivor ingkang aslinipun saking Ostrali.[1] Koala punika tunggal-tunggalipun wakil saking kulawargi Phascolarctidae.[1] Koala punika gadhah nama latin Phasclarctas Cinereus.[2] Koala jaler saha koala wadon punika gadhah ciri fisik ingkang bènten.[2] Manawi koala jaler punika ukuran badanipun langkung ageng tinimbang koala wadon.[2] Miliginipun Koala ingkang gesang wonten ing pérangan Ostrali Kidul punika ukuranipun langkung ageng kirang langkung 30% tinimbang koala ingkang gesang wonten ing Ostrali lèr.[3] Koala punika kados bruwang alit ingkang manggén wonten ing wit-witan.[4] Koala kalebet kéwan hèrbivor.[4] Kéwan koala punika awratipun kirang langkung 9 kg (£ 20).[4] Ulesipun kandel, limrahipun awerni ngawu layan saha wonten warni coklat sakedhik-sakedhik.[4] Koala punika boten kalebet bruwang sanajan wujudipun kados bruwang alit.[5] Koala boten gadhah plasenta utawi boten kalebet salah satunggaling mamalia.[5] Nanging koala kalebet kéwan marsupial ingkang nglairaken anak saha ngagengaken wonten ing kanthong.[5] Saéngga boten leres manawi koala dipunwastani koala bruwang nanging cekap dipunwastani kanthi nama koala kémawon.[5]
Koala | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Infraklas: | Marsupialia |
Ordho: | Diprotodontia |
Subordho: | Vombatiformes |
Famili: | Phascolarctidae |
Génus: | Phascolarctos |
Spésies: | P. cinereus |
Jeneng binomial | |
Phascolarctos cinereus (Goldfuss, 1817) | |