Kuil Bulguk
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bulguksa utawi Kuil Bulguk (佛國寺; "Kuil Negeri Buda") inggih punika kuil Buda utami saking Sekte Jogye. Bulguksa mapan wonten ing Gyeongju, Provinsi Gyeongsang Kidul, Koréa Kidul. Kuil punika wigati sanget amargi kalebet situs tilaran sajarah wiwit saking jaman kraton Silla, sarta nyimpen 7 harta nasional Koréa Kidul ingkang taksih saé. Bulguksa dipundamel kategori minangka Situs Bersejarah dan Indah No.1 déning pamaréntah Koréa Kidul.[1] Sareng kaliyan Seokguram, papan ziarah ing Gunung Toham, Bukguksa dados Situs Warisan Donya UNESCO nalika taun 1995.[2]
Seokguram Grotto and Bulguksa | |
---|---|
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
Jinis | Kultural |
Wewaton | i, iv |
Rujukan | 736 |
Tlatah UNESCO | Asia-Pasifik |
Sujarah prasasti | |
Prasasti | 1995 (Sési Ke-19) |
Kuil Bulguk jumeneng nalika taun 751 nalika masa papréntahan Gyeongdeok saking Karajan Silla déné pambangunanipun dipunkonstruksi déning nayakotama Kim Daeseong. Pambangunan mau rampung nalika taun 774 bibar sédanipun Kim lajeng dipunparingi nama Bulguksa. Kuil Bulguk naté dipunrenovasi nalika jaman Goryeo lan wiwitan Dinasti Joseon. Nanging nalika masa Invasi Jepang taun 1592-1598 kuil punika kénging kerisakan. Rekonstruksi malih dipunwontenaken kaping 40 antawisipun taun 1604 dumugi aun 1805. Renovasi ugi dipunwontenaken nalika jaman penjajahan Jepang nanging wonten sapérangan kuil ingkang miturut kabar ical amargi risak. Restorasi bibar Perang Dunia II lan Perang Koréa dipunlampahi nalika taun 1966. Lan nembé ing antawisipun taun 1969 lan 1973, almarhum Présidhèn Park Chung Hee gadhah usaha kanggé restorasi kanthi ageng dumugi strukturipun kados ingkang wonten sapunika. Pérangan-pérangan pagoda watu dipunkonduraken kados rumiyinipun. Kuil punika mapan wonten ing ngandhap Gunung Toham lan sapunika dados kuil utami distrik kaping 11 saking Sekte Jogye.