Menara London
From Wikipedia, the free encyclopedia
Yang Mulia Pura lan Benteng Karajan, utawi kawéntar kanthi nama Menara London inggih punika kastil ingkang ngemu aji sajarah ingkang mapan wonten ing pusat kutha London, Inggris wonten ing pinggiring Sungai Thames. Kastil punika wonten ing kawasan London Borough of Tower Hamlets lan kapisah saking ujung wétan kutha London déning ruang ingkang kabikak lan kawéntar kanthi nama Bukit Menara.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Menara London | |
---|---|
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
Menara London saking Sungai Thames | |
Jinis | Budaya |
Wewaton | (ii), (iv) |
Rujukan | 488 |
Tlatah UNESCO | Éropah |
Sujarah prasasti | |
Prasasti | 1988 (Sési 12th) |
Kastil punika dipunyasa nalika taun 1066 dados péranganing Penaklukan Normandia wonten Inggris. Menara punika kalebet péranganing sajarah panaklukan tiyang Normandia, satunggaling wewengkon ing Perancis sisih lor ingkang winatesan kaliyan Selat Inggris. Nalika Duke William saking Normandia nyerang Inggris nalika taun 1066, aksi pisanan sasampunipun ndarat punika yasa kastil utawi menara. sasampunipun penobatanipun ing Westminster Abbey ing dinten natal 1066, Duke William lajeng paring perintah damel astana ing London [1].
Wonten ing taun 1078 Menara London rampun dipunyasa. Menara utawi kastil ingkang yuswanipun sapunika sampun langkung saking 900 taun punika dados simbol penindasan. Amargi menara punika dipun-ginakaken kanggé kunjara awit saking taun 1100. Periode puncak kastil minangka kunjara kapungkasan punika nalika abad kaping 16 lan 17. salah satunggal tokoh ingkang naté dipunpenjara ing papan punika Elizabeth I sadèrèngipun dados ratu [1].